Camat Titi Priksa Dana Desa
Edisi Khusus Berita Bahasa Jawa

By Mazzinggih 21 Feb 2020, 11:56:46 WIB Ekonomi dan Pembangunan
Camat Titi Priksa Dana Desa

Keterangan Gambar : Camat Grabag Nalika niti priksa DD ing Desa Tlepokwetan


GrabaGGayeng | kec-grabag.purworejokab.go.id  - Ing padesan tlatah Grabag udakara seminggu lawase dianakake titi priksa dening tim anggone ngecakake DD tahap III tahun anggaran 2019 kepungkur (20/ 2). 

Titi priksa kawiwitan dina Kemis, tanggal 20 Februari 2020. Camat Grabag, minangka cucuk lampahe Tim I, nindaki pakaryan titi priksa ing Desa Tlepokwetan. 

"Kula sarombongan kepareng badhe ningali administrasi lan kegiatan ingkang magepokan kaliyan wragad DD tahap III tahun 2019," ngendikane Ahmat Jaenudin, S.I.P., M.M., Camat Grabag murwakani atur tumuju Kepala Desa Tlepokwetan lan para perangkat ing kantor desa.

Rawuhe camat kang didherekake anggota tim, Ibu Nuryanti, PD lan PLD desa lokasi, ditampa kanthi ndhemenake amarga wis kaya dene keluwarga. Ditambah atur dening Ibu Nuryanti menawa titi priksa camat uga dianakake "ukur fisik" bangunan dicocokake karo RAB. 

"Rawuh bapak lan sedaya tim kula tampi, atur panuwun lan mugi dados amal kesaenan tumrap sedayanipun," tanggap wacana H. Aminin, Kades Tlepowetan minangka wakil Pemerintah Desa. 

Sawise mirsani buku administrasi dibacutke niti priksa fisik, ngukur lan dijumbuhake karo gedhene anggaran kang gumathok. Saparipurnane titi priksa, camat rumangsa marem lan bungah amarga DD tahap III ditindakake kanthi paugeran kang lumaku tanpa nemoni perkara kang ndadekake rugine negara lan masyarakat.




Write a Facebook Comment

Tuliskan Komentar anda dari account Facebook

View all comments

Write a comment